Archive for Juni 2013

Rabu, 19 Juni 2013
~ WEWAYANGMU ~

Sumrimbit bayu ngelus langit sore
Manuk sriti ing pucuking cemara
Ngenteni anggone aslupe bagaskara
Wengi bakal tumeka...

Tumlawung rasa kang ngulandra
Tresnakau marang sliramu
Nggambarake manising esemu
Menawa, sliramu gelem ngerti 
Tresna iki larang regane
Ora bisa dituku
Ora kena ditiru
Jalaran, toh-tohane nyawaku

Lintang-lintang abyor ing tawang
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Apa panjalukmu?
Apa aku kudu lumaku sadhuwure bayu !!!
Apa pasuwunmu?
Amrih aku bisa lelayar ing segara atimu

Rembulan wis manjer madhangi wengi
Bareng karo wewayangmu
Kang  bakal ngebaki impen petenging wengi
Nggambarake esemu kang ora bisa di lali
Nanging...
Yen, sliramu dudu duwekku
Apa kudu wewayangmu,
Tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ???



Gmabar : www.pasopatifm.com



Geguritan

Posted by Unknown
Tag :

Bagaimana menurut Anda tentang BLOG Saya ???

Hetalia: Axis Powers - Norway

Blogger templates

Diberdayakan oleh Blogger.

Labels

Pengikut

Now


Copyright © My Blog -Black Rock Shooter- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan